Minggu, 26 Juni 2011

putih lan abangan

Lakon
Putih lan Abangan
Oleh : Tedi Subohastowo/2011

Bengi.
Ijenan..
Kamituwo :
Biyen aku dipeseni mbahku. Jarene wong jawa kuwi kudu uri-uri budaya. Biyen aku sempet bingung, budaya sing piye? Nanging ora tau tak pikir, wong aku iseh cilik.
Mbah ku iku kamituwo pertama nang kampong iki. Emboh pirang tahun olehe jabat, aku lali. Akhire diterusne karo mbah Karman, terus Yahya. Lha mbah karman iku pak’e Ratna sing omahe kidul embong iku. Terus nek Yahya iku sing omahe lor embong, mari ngunu Purwadi bojone mbak Har omahe kidul.
Mbahku jabat puluhan tahun. Mbah karman yo puluhan tahun. Tapi lapo pimpinan sing anyar-anyar kaya Yahya lan Purwadi kok mati enom kabeh. Lha iku masalahe, mesti ana sing ora bener.
Akhire pimpinan nang kampong iki wis tak cekel. Seprono suwene, akhire putune dewe sing mandegani.
“Nyata…”
Kabeh putu-putune saben surup batuk’e didilat. Lah opo kok ono adegan sing kaya ngunu kuwi? Mungkin ben slamet, utawa dadi wong sing sukses.

Awan
Kamituwo :
Assalamualaikum?
Moden :
Wa’alaikum salam!
Monggo mlebet pak Wo,
Kamituwo :
Nggeh..!
Moden :
Wonten nopo pak Wo,?
Kadose kok penting sanget!
Kamituwo :
Nggeh ..!
Sepindah kulo mriki bade silaturohmi.
Kaping kalih kulo mriki bade ngaturi pak Moden.
Moden :
Nggeh, ngaturi nopo pak?
Kamituwo :
Ngaturi wonten nyadranan, nerusaken budaya ingkang sampun-sampun dugi leluhur.
Sak meniko pari lak nggeh sampun telas to?
Moden :
Dilaksanaaken dinten nopo?
Lan acarane pripun?
Kamituwo :
Kados ingkang sampun-sampun,
Dadose jum’at dalu niku yasinan.
Sabtu dalu kirim do’a kagem leluhur/ tahlilan.
minggu injing ngempal bereng wonten trenggulun porak tumpeng,
lajeng tayuban.
Lan minggu dalu, malem penutup wayangan.
Moden :
Ngoten?
Kamituwo :
Nggeh..!
Moden :
Kulo bantu nopo?
Kamituwo :
Jenengan mengke bagian do’a!
Moden :
Sakderenge kulo nyuwon ngapunten sanget pak Wo?
Umpami boten sisah tayuban niku pripun?
Kamituwo :
Lha lah nopo kok ngoten?
Niku sampun budaya!
Moden :
Amergi ngeten pak, tayuban niku mangke mesti wonten ngkang omben-omben. Tiang kampong mriki lak kaum danten to?
Lha mengke mbok bilih boten wonten tayuban kulo saget dugi pak!
Bojone Moden teko gawa 2 cangkir kopi !
(Monggo di unjuk)
Kamituwo :
Kulo sumerap tiang mriki kaum danten,
Niki sampun budaya.
sing omben-omben niku lak tiang jawi, acara niki sinten awon saged dugi lan mersani.
Moden :
Lah niku masalahe, tiang mriki mangke ketularan.
Kamituwo :
Masalah ketularan niku tergantung tiange!
Moden :
Monggo di unjuk!
Ngombe kopi.
Kamituwo :
Babakan ngeten niki wonten ten perda, saking pemerintah.
Dadose kulo wajib nerusaken!
Moden :
Nanging dampak’e saged mlenceng saking ajaran agama Islam.
Kamituwo :
Nek kulo mikir positif mawon.
Jenengan sumerap lahnopo gendero Indonesia niku warnane abang lan putih?
Gambarane niku abang niku pemerintahan lan putih niku agama, dadine wong pemerintahan niku kudu sehati kaleh tiang agama dadine saget guyub lan rukun..
Wonten nyadran niku enten sing dongo, wonten acara keagamaan pemerintahan nggeh saget mandegani. Nah dadose niku Indonesia.
Nggeh sampun menawi ngoten kulo nyuwun pamit!
Assalamualaikum!
Moden :
Wa’alaikumsalam..!
LAMPU MATI.
NANG OMAHE MBAH JO.
Kamituwo :
Kulonuwon?
Mbah Jo :
Monggo!
Jenengan to Pak Wo?
Monggo pinarak!
Kamituwo :
Nggeh…!
Mbah Jo :
Saking pundi niki wau?
Kamituwo :
Saking pak Moden.
Mbah Jo :
Wonten perlu nopo ?
Kamituwo :
Nggeh kados ingkang dirembuk aken wingi, minongko ngaturi Nyadran.
Mbah Jo :
Lajeng Moden puron nopo boten?
Kamituwo :
Kadose boten puron mergi wonten tayuban. Terose ajreh enten omben-ombene!
Mbah Jo :
o… ngoten!
Lajeng pripun?
Kamituwo :
Nggeh santai mawon tiang saget dongo katah to Mbah?
Kulo tak blajar Dongo, kersane tahun ngajeng kulo donganane dewe!
Mbah Jo :
Hahahahaha…..!
Ngoten nggeh saget Wo!
Kamituwo :
Kulo malih nyimpulaken,
Mbah Jo :
Pripun niku ?
Kamituwo :
Wong-wong niku boten ssaget langgeh amergi boten uri-uri budaya, lan boten peka kaleh kedadean ingkang sampun sampun. Podo mati enom.
Riyen kulo tasik dereng dados kamituwo, kolu niku mesti ngimpi naliko ajenge nyadran.
Ten ngimpi kulo di utus numbasaken omben-omben damel sajen ten trenggulun. Kulo tumbasaken. Akhire kulo nggeh ngombe pisan, pas ngombe kulo glenyehan danyange kulo ajak tos, lha dalah botole omben kanggo danyang bledos, lajeng riyen nggeh nate angsal impen, dino nyadran ajenge dig anti, alone kulo panggih danyang tiyange mureng-mureng. Nah berarti lak memang wonten 2 alam, lan 2 alam niku kudu saling berinteraksi. Lak ngoten se Mbah?
Mbah Jo :
Wonten benere niku wo!
Wong sakdurunge Islam mlebu budaya iku wis ana, lantas anak turune sing nerusne.
Kamituwo :
Nggeh pun mbah kulo pamit rumiyen, sing penting hasile ngoten niku?
Dadose jenengan un sumerap lantaran kulo.
Mbah Jo :
Nggeh matur suwun Wo!
Kamituwo :
Jan gumun aku.
Wong Jawa wis lali karo budayane.
Wingi ana kedadean. Anak’e santri nang kampong iki kecekel polisi. Gara-gara gawa lan gawe pil koplo. Nah sak’iki sopo sing gak pas tatanane.
Berarti wong agama nang kampong iki ora sukses ngwenehi tatanan babakan agama nang santrine, nyatane ana kahanan kaya ngunu kuwi.
Bener omongane mbah ku.
“Gusti iku gawe isine menungsa enek loro, apik karo elek”
Sing apik yo babah apik, sing elek yo babah elek.
Sing apik ojo utik-utik sing elek.
Sing elek ojo utik-utik sing apik.
Sing penting guyub lan rukun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar