Senin, 13 Juni 2011

Alam kang Tinagih


Alam Tinagih

Aku amung bisa ngrasakke
Ning raga ora ketoro
Ngrasakke lara sajroning dada
Mustaka muntang-manting manah ora sekeco
Yaiku araning ilmu rasa
Aku mung bisa ndeleng
Papan dumunung kang ora mapan
Pating slengkrah ing donyo
Sanak kadang kakung cumawis ing mejo
Kaya sajen awam sing akeh guna
Mendung ireng gumantung
Gluduk gembleger
Awan peteng bengi peteng
Jalmo manungso bingung
Muncat-mancit di pandegani sapa
Akeh wadon dadi lanang
Lanang dadi wadhon
Wis ora patrape sing di gawe
Kembang-kembang wis podho mekar
Kapan marine?
Wong jawa kari separo
China Landa Kari sajodho
Tentrem loh jinawi
Balik alam kaya tahun wingi-wingi
Mulane manungso mikiro
Ojo dumeh, ojo cengkre, ojo nglakoni ala, Sing apik karo tangga,
luwih becik jujuro tinimbang tinggal donyo ajor mumur tanpo busana yen pengen urip mulyo. Wirito.

02-02-2010
Saking kadang sing duduk apa-apa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar